Berikut ini adalah contoh Pranotocoro Lailatul Ijtima' dalam bahasa jawa :
Assalamu'alaikum Warohmatullahi
Wabarokatuh
Dumateng ibu-ibu lan sederek sedoyo
ingkang kaulo hormati soho adik-adik ingkang kaulo tresnani. Sak
derengipun kempalan lailatul ijtima' Al Barokah kito milai monggo
kito tansah nglaeraken raos puji syukur dumateng Allah SWT ingkang
sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito. Inggih meniko
sehat wal afiat sehinggo kito saget bermuwajjahah ing majelis ingkang
mubarok meniko.
Kapeng kalehipun sholawat soho salam
kito aturaken dumateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW ingkang
sampun beto zaman jahiliyah dumugi zaman Islamiyah. Ingkang kito
tenggo-tenggo syafaatipun ing Yaumul Qiyamah. Amin ya robbal 'alamin.
Kapeng tigo kulo matur nuwun dumateng
ibu ........................ ingkang sampun nyedia akern panggenan
sarto perlengkapanipun dumateng kito sedoyo mbenjing pikantuk balasan
kanti tikel matikel. Amin ya robbal 'alamin
Sak derengipun kempalan lailatul
ijtima' kito milai monggo kito bikak kanthi waosan suratul Fatihah,
mugi-mugi acoro sageto berjalan kanthi lancar alania Al Fatihah....
Wandene acoro selajengipun inggih
meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an ingkang badhe dipun waos
dumateng ...................... dumateng ................... kaulo
sumangga aken. Dumateng......... kaulo ucapaken matur nuwun.
Acoro selajengipun inggih meniko
Sholawat Al Berjanji ingkang bade dipun pimpin dumateng
..................... dumateng .................. kaulo sumangga
aken. Matur nuwun dumateng ..................... ingkang sampun
mimpin sholawat Al Berjanji mugi-mugi benjing ing dinten Yaumul
Qiyamah kitop sedoyo angsal syafaat ipun. Amin.
Acoro selajengipun inggih meniko waosan
surat Yasin ingkang badhe dipun pimpin dumateng............. dumateng
........... kaulo sumangga aken.
Matur nuwun dumateng ..............
ingkang sampun mimpin surat Yasin kolowau mugi-mugi kito sedoyo
diparingi rizki ingkang kathah halal lan barokah kangge sangu
ngibadah. Amin ya robbal 'alamin.
Acoro selajengipun inggih meniko waosan
sholawat Nariyah sarto Tahlil ingkang badhe dipun pimpin dumateng Ibu
................ dumateng ibu ....................... kaulo sumangga
aken. Matur nuwun dumateng ibu ............... ingkang sampun mimpin
Sholawat Nariyah sarto Tahlil mugi-mugi saget sumabrah wonten ing
ahli kuburipunkito sedoyo khusus ipun ahli kuburipun Ibu
................... Amin ya robbal 'alamin.
Acoro selajengipun inggih meniko waosan
Do'a Asma'ul Khusna ingkang bade dipun pimpin dumateng
.................. dumateng ...................... kaulo sumangga
aken. Matur nuwun dumateng .............. ingkang sampun mimpin Do'a
Asma'ul Khusna. Mugi-mugi kempalan Lailatul Ijtima' sageto lancar
mboten wonten alangan, amin ya robbal 'alamin.
Acoro selajengipun inggih meniko
panutup. Sak derengipun kaulo tutup, monggo kito akhiri kaleyan
suratul Fatehah. Alaniah Al Fatehah.
Saking kawulo mbok bilih anggene kaulo
matur wonten khilaf lan kekiranganipun kaulo nyuwun samudro
pangapunten, kaulo akhiri Wallahul Muafiq ila aqwam mithoriq
Wassalamu'alaikum warohmatullahi
wabarokatuh

EmoticonEmoticon